Wikipédia:Pendhapa

Kuburan kéwan ya kuwi kuburan kanggo kéwan. Senadyan pamumulé lan ngubur kéwan klangenan wis dipraktèkaké wiwit jaman kuna, kuburan sing kusus kanggo kéwan ora lumrah nganti pungkasan abad kaping-19. Akèh kabudayan manungsa ngubur jisiming kéwan. Contoné wong Mesir Kuna mumifikasi lan ngubur kucing, sing dianggep déwata; salah sijiné kuburan kéwan lawas dhéwé iku kuburan kéwan Berenice, sing mliginé dienggo ngubur kucing, lan ditemokaké nalika èkskavasi plabuhan Berenice Troglodytica ing taun 2011 lan dienggo antara abad kapisan lan kapindho Masèhi. Para arkéolog nemokaké menawa asu dikubur ing sandhingé manungsa ing Sibéria nganti sakiwa tengené 8.000 taun kapungkur. Kuburan asu Ashkelon, iku kuburan kéwan klangenan sing dikawruhi lan gedhé dhéwé. Kuburan iki ditemokaké ing Taman Nasional Ashkelon, Ashkelon, Israèl.
Maca sabanjuré ...![]()
Grojogan Skradinski Buk ing Taman Nasional Krka, Kroasia.
- 1789 - George Washington wiwit lungguh minangka Présidhèn Amérika Sarékat angka siji.
- 1945 - Adolf Hitler karo bojoné Eva Braun nglalu ing bunker ing Berlin.
- 1975 - Kutha Saigon ing Vietnam Kidul diteluk wong Vietcong.
- 1980 - Ratuning Walanda aran Juliana masrahaké kalungguhané marang anaké wadon aran Beatrix.